Minggu, 17 Februari 2019

KD 3 Panatacara Lengkap

KD 3 TEKS PANATACARA
Tujuan agar siswa dapat :
Menerangkan pengertian dan ciri-ciri panatacara
Mengemukakan bagian-bagian/perangan teks panatacara
Menerangkan unsur-unsur dalam  panatacara
Teknik membaca teks pawarta

Pangertene  Panatacara
Panatacara kerep uga diarani pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Pangertene panatacara yaiku sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan glantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara. Tuladhane uapacara kayata upacara adat temanten, kesripahan, acara resmi/fromal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan/pentas (show), lan sakpanunggalane.
Perangan Teks Panatacara
Salam pambuka. Tuladhane: Assalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh, nuwun kawula nuwun
Puji syukur konjuk marang Gusti Ingkang Maka Kuwaos
Sapa aruh. Sapa aruh marang kabeh para tamu undangan. Kawiwitan saka wong sing paling tuwa nganti sing enom utawa saka pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
Ancasing gati. Panatacara kudu weruh kanthi gamblang ancas (tujuan) saka adicara kang diadani (dilaksanakan)
Panutup. Ing perangan iki panatacara ngaturake marang para tamu mungguh acara kang dirantam wis lumaku, lan jaluk pangapura anggone nindakake pagaweyane ana kaluputan.
Salam panutup
Sarat Panatacara
Supaya anggone ngayahi jejibahan dadi panatacara bisa becik, kudu gelem gladhen lan sarat laku pitung prakara. Dening Rama Sudi Yatmana (1981:1) dijlentehake kanthi aran Sapta Pangolahing Raga, yaiku:
Magatra, yaiku bleger wewujude rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
Malaksana, yaiku mlau samlakune, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora inggah-inggih, lan ora wigah-wigih, lan ora ngisin-ngisini.
Mawastha, yaiku  ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong.
Maraga, yaiku ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb, lan enteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang diucapake.
Malaghawa, yaiku trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nanging uga ora katon grasa grusu.
Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula panatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/sungkawa.
Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madya, lan wusananing karya. Dadi panatacara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawiwitan, tengahan, lang pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.
Teknik Maca Panatacara
Nggunakake pangucap kang trep
Pamedhote ukara kang trep
Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
Ngreteni tandha wacan kang trep
Swara kang cetha
Ngatur alon lan cepete pamaca
Ngolah treping mlebu wetuning napas
Mahami wacan
Pracaya marang dhiri pribadi
Panatacara basa Jawa iku kudu nggunakake lang nguwasani sawenehe kaprigelan kawruh basa kanthi ancas supaya bisa narik kawigatene tamu kang padha rawuh. Mula setitekna andharan ing ngisor iki, ngenani tembung-tembung kang bisa nambah kaprigelan panatacara babagan kawruh basa.
Tembung yogyaswara
Yaiku tembung loro kang tulisan apadene pangucape meh padha, dinggo bebarengan, lan mengku teges lanang wadon.
Tuladha: bathara-bathari, yaksa-yaksi, hapsara-hapsari, kedhana-kedhini, putra-putri, dewa-dewi.
Tembung entar
Tembung entar utawa silihan, dudu teges kang baku. Tembung iki duwe teges rerangkening tembung kang ateges ora salugune/satenane. Tembung iki duwe surasa kang geseh karo tetembungane (duwe teges kias)
Tuladha:
Dawa tangane = clemer, seneng njupuk duwite liyan
Lunyu ilate = pinter guneman
Dawa ususe = sabar
Jembar dhadhane = nrima
Tembung rura basa
Yaiku basa kang rusak wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerke maneh. Yen meksa dibenerake malah banjur dadi basa sing ora lumrah.
Tuladha:
negor gedhang = benere negor debok
nggiling bakso = benere nggiling daging
adang sega = benere adang beras
Panyandra
Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang wis gumathok, kanggo yandra kahanan alam, satriya, ratu, perangan awak, solah bawa, lsp, kang lumrahe wujud pepindhan. Payandra utawa atur kang biasane diaturke dening para panatacara kanggo nggambarake utawa ngaturi kaweruhan kahanan lan swasana tartamtu marang para kang padha ngrungokake utawa pamiyarsa. Panyandra diaturake kanthi gamblang, cetha, lan nggunakake kasusastran kang becik, basa kang alus lan biasane ginambarake kanthi rinumpaka trep karo swasanane.
Tuladha:
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyuro, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga.
Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswarinata, tinon saking mandrawa kawurya ambyor mopyor paing galebyar pating clorot pindha kartika gumingsir papan.
Pepindhan
Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ngemu teges irb-iriban utawa emper-emperan, ameh padha. Pindha nunggal karep karo kaya, kadi, lir, pendah.
Tuladha:
Lakune kaya macan luwe
Polahe kaya kitiran
Swarane kaya ngabangke kuping



Tuladha Teks Panatacara
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun,
Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMK N 2 Karanganyar ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode 2016/2017.
Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara puniuka, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
Nun inggih para lenggah  ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode 2016/2017, kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:
Purwaka
Atur palapuran saking Wakil Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe
    dipunsalirani dening Bapak Muhammad Daim
Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking 
    Bapak Kepala Sekolah.
Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal
Pandonga ing mangke badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian agami 
    Islam
Panutup.

Para lenggah ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode 2008/2009. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
…………………………………………………………………………………..

TEGESE TEMBUNG:

Dhahat : banget (sangat)
Winantu : binarengan ing ( bersama-sama di )
Suka basuki : bungah, aweh; rahayu, slamet, raharja, widada, sugeng
Winantu ing suka basuki : bebarengan diparingi kabungahan lan keslametan (mendapatkan               kebahagiaan dan keseamatan)
Mambeng (pambeng) : ngalangi (menghalangi); pambeng : alangan (halangan)
Gempil : cuwil sethithik
Nggempil kamardikan : nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan (mengurangi sedikit kemerdekaan)
Piniji : dipiji, dipatah, didhapuk, dipitaya, dipercaya
Reroncening/reroncen : susunananing/susunan;
Rantaman : rancangan, program, rencana
Karana : awit, sebab, jalaran (sebab/karena)
Sih : asih, katresnan; kawelasan
Wilasa : ngenggar-enggar, dolanan, (bersenang-senang/bermain-main)
Sih wilasa : kawelasan (dikasihi )
Rumentah (rentah) : tumiba, dhumawah, tumeka (dilimpahkan)
Pinayungan (paying) : dipayungi (mendapat perlindungan)
Rubeda : pakewuh, alangan
Nir (Kawi) : ilang, tanpa
Sambekala : kacilakan, alangan
Sinuba/suba (Kawi) : endah, kaendahan, becik ; disungga-sungga, dihormati banget
Murwakani (purwa) : miwiti, memulai
Lekasing sedya     : wiwitaning karep
Titilaksana : adicara, acara
Karantam : diprogram, dirancang, direncanakan
Purwaka : pambuka  (pembukaan)
Kepyakan : peresmian, pelantikan
Hanjenengi (njenengi)  : melu nunggoni ing parepatan lsp
Paripurnaning gati : rampunge gawe, rampunge acara
Gati (Kawi) : laku, tindak
Kapitadosan : kapercayan (kepercayaan), gegebengan, (agama)
Sowang-sowang : dhewe-dhewe, piyambak-piyambak
Kasumanggakaken : dipersilakan
Nunggih : yaiku, (yaitu)
Winantu ing pakurmatan : tansah dipunkurmati (yang selalu dihormati)
Sasana  (S/Kw) : papan, enggon, palungguhan (piwulang, pituduh)
Tanggap sabda : waluyan, tanggap wacana, sesorah, pidato
Sabda : swara, gunem, tetembungan
Jejibahan : ayahan, tugas, pakaryan
Magepokan : sesambungan (yang ada hubungannya dengan …)
Kasangkul : nindakake gaweyan,
Panjurung            : panyengkuyung, pambiyantu (dukungan)
Gangsar : gancar, lancer, ora ana alangan
Sesanggeman      : ayahan, gaweyan sing kudu karampungake/katindakake
Laksita : laku
Atur sapala :  (sepatah kata)
Pambiwara : pranatacara, panatacara, pranata adicara, MC
Nyuwun pangaksami : nyuwun pangapura, njaluk pangapura (minta maaf)
Mboten mranani penggalih  : kurang berkenan di hati
Widada ingkang jinangka: katekan sing dikarepake (terlaksana apa yang dicita-citakan)